florida - whistle

Rabu, 08 Februari 2012

Harya Sengkuni Edan

Kacarita ana praja Astinapura kang aran Patih Harya Sengkuni gawe geger amarga ngembat bandhane para Senopati Agung uga para abdi dalem ing praja. Ora mung siji masalah ananging akeh tur anggegirisi tingkah polahe. Urusan saka guru yo semana uga, malah ana Prejurit kang wus winisuda gamane iseh keri amarga disek disileh saperlu dadi jaminan pangabdene marang urusan praja, malah ana kang ilang weane salah sijineng kawula, masalah uga padha marang prejurit liya tan padha kaya prejurit kang wus winisuda mau. Banjur kepriye lakone.

Awit wus pecah lan mbledhose borok Si Harya Sengkuni, mulo para punggawa cancut taliwanda gerak ngamanke asete, ananging kuciwane kang Harya Sengkuni wus gak ketilik irunge. La dalah, kabeh kabukak, kabeh wes cetho, kabeh wes kalantur, .........hm, amung isa pasrah marang Gusti wae saupama masalah ruwet iki dadi kalantur-lantur.

Duh Gusti, kula nyuwun sih kawelasaning amrih ayem tyas niki, praja dadi ayem maneh, lan senjata kula saget wangsul maleh. Amin.