florida - whistle

Kamis, 11 April 2013

Warok Ponorogo


WAROK

Warok iku aran-aran kang nari ana kasenian reog. Terkadang isa kasebut dadi wong sing "nguwasani ngilmu" ing patrapan kejawen.

Warok sering duwe peran dadi pemimpin lokal kang duweni akeh pengikut.

Neng pamentasan warok katon dadi pengawal/punggawane Raja Klana Sewandana (warok muda) utawa sesepuh lan guru (warok tuwa).

Ana pentas warok muda gladi latih olah kanuragan, badane katon gempal kanthi simbar neng dhadhane, brengose njlemprang, jenggote nggegirisi, uga mripate tajem.

Warok tuwa padhatan digambarne dadi pelatih utawa pengawas warok muda kang badane katon kurus, brengos lan jenggoti putih tur dhawa, mlaku kelawan teken/tongkat.

Awal mulane warok iku digambarake dadi sosok sing seneng olah kanuragan ge golek sampurnane ngilmu, ora hubungan karo wong wadon, ning karo bocah lanang umur 8-15 tahun kang sering kasebut gemblak/gemblakan, sok kadhang gelem ngombe arak. Ananging saiki paradigma utawa pemandangane warok saiki wes bedha, dadi wong utama embat-embatane pagere bangsa kang minulya.

(sumber: wikipedia)



Hentoh-Hentoh
Salam Warok Ponorogo
Henez Nurianto
11-04-2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar