florida - whistle

Senin, 18 Maret 2013

Bharatayudha

Bharatayudha iku aran perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa ing Padang Kurushetra. Kadaden amarga wus muncak arane perselisihane tunggal kadhang Pandhawa lan para sepupune (Kurawa). Bharatayudha iku puncake kang aran Mahabharata.

Sakbenere Pandhawa kang cacah 5 kang dipimpin Puntadewa/Yudhistira kalawan Kurawa kang cacahe 100 kang dipimpin Duryudana iku isek trah turun Vyasa.

Amarga iren, licik, lan tukar padu babakan kadunyan. Mula mbledhos dadia Bharatayudha.

..............kahanan iki kaya kadaden ning salah sawijine negara antah brantah kang jare mikul dhuwur mendhem jero. Ananging ora isa digawe mengkono merga ana loro trah kang rerebutan kamenangan, panguripan, lan cetha padha aran kakelirunan. Ora liya muk angurus patrapan madharan bolo-balane dhewe.

Siji crita ngene...bener...sitoke crita ngana...ya bener... Tapi nasat dasare wes panas dadi upama geni upama ora ndang disiram katamtune njebloss dadi bharatayudha fersi anyar....

Lamun siji kang iso njembatani karukunane,,,ananging trus sapa,,,nek ora lungguh bareng cecaturan rembug krama kanggo sak padha-padha to??? Ya to...???

Mula ayo sing guyup, aja didawakno, wes penak dilereni pada mikir sak ngarepe wae, antah brantah nek kurang ditambahana, la nek luwih dikurangana, dadi padha hanyukupi karya. Ora golek reka kang akhire dadi sulaya. Kabeh padha, ora bedha, omahe yo iya. Bismillah ayo makaryo niyat becik kang utama. Negara antah brantah bakal jaya.

Ora usah ngugemi Sengkuni sak wadya balane, ugemi Gusti Kang Akarya Jagad. Laila ha illallah wa asyhadu anna Muhammadarrasulullah (Hanyekseni ora ana Pangeran Kang Wajib Disembah kajaba hamung Gusti Allah, lan Kanjeng nabi Muhammad menika Utusanipun Gusti Allah)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar