florida - whistle

Minggu, 17 Maret 2013

ojo dumeh, sabar sareh seleh

Nggedabrus nora jelas iku jare muk waton. Nek digalih disek trus diungelne iku baru jenenge waton. Ananging saiki wus salah kaprah. Wong sadermo krungu lan ngrungokne wus rumangsa duwe pangerten luweh. Lan iku kang diarani salah kaprah.

Nerusake geguneman nok dhuwur, mangka ora kliru kirane Kang Jaya Suprana nek acara Kick Andy Jumat pongkur, saiki marak ilmu Klirumologi, kabeh wong bangga marang kakelirunan, trus ngugemi krenteg lan pamikire dhewe tanpa ruh sakbenere.

La piye jal, saiki weruh kabar sak sliwer wae ealah dalah wes digung-gungne kaya iku kabeneran kang diunggulne. Nanging nyatane salah. salah kelantur dadi salah kaprah.

Ojo rumangsa bener awak, sakdurunge ngerti ilmu lan kanyatan. Aja muk derma ko kabare manuk kemriyek ra nggenah. Karone durung mesthi kaseriusane yo.

Mula aja dumeh sira rumangsa bener, pinter, sakpinunggalane. Sing bener hamung kodrat irodat hukume Gusti. Dadi AJA DUMEH=OJO DUMEH=OJO DUPEH=OJO SOK.

Sing Sabar, Sareh, Seleh. Ora becik nggangsa kainginan. Gegayuhan sira durung mesthi padha karo senenge liyan sakpadha-padha. Manungsa iku padha nanging beda merga manungsa iku jare makhluk kang unik, kaya seni sing aneh iku sing asik dadine ayo diguyupne karukunan, ora apik tukar padu padatan kang padha RA NGGENAHE.

Setuju....

1 komentar: